Kang...Yayu...Sedulur...Kabeh...!!

Suméréna pada... kacung lan snoké
Ning punjulane amalan ingkang langkung sami tinggal
Gage balik lan gumebyar maring bumi
Sekabehane manut tutut lan bungah atine
Umah kang ditinggal pun kangen
Kangen kaliyan sampean kang dadi tunggak
Hayu pada balik niliki pawon
Kang bengen wis pada geseng kenang geni
Aja sampe klalen maring bedongane
Bengen cilik doyan nangis lan ngompol
Kang gawe seneng ning sekabehane rahayat
Padahal wis gawe geger ning sepanak pinak
Kang wis ilang bagen beli ketemu maning
Kang wis klalen bagen pake inget dewek
Gusti kang maringi kabeh
Gusti kang tunggal lan kuaso ing makhluke
Kacung lan snok … hayu balik
Lemah lahir wis ngenteni lakune sampean
Kang nglairaken kang sami sae
Kang dikarepaken bakal diridhoi maring Pengerane
Pengeran sampean sampun ningal
Pengeran sampean sampun nyukani
Mangga diwujudaken
Aja jograg-jogreg ngributi kebule sangkra
Toli pada eling beli ning petuahe kanjeng sunan
Titip tajug lan fakir miskin
Dudu cumin omongan tapi amanat
Dudu kiasan tapi kudu laksana
Hayu pada eling ning ikilah syiir
“Kentrung-kentrung swarane wis ngumandang
Srengengene wis surup wayahe sore
Mumpung urip lan nom pada nggulati pangarti
Agama islam wajib di anuti
Sing akeh puji dzikir nggo akherat”

Comments

  1. Iya.. iya..
    Baka kelingan semono,
    Aja bara balik
    Balik dadi mangkat
    Mangkat dadi teka
    Teka dadi pakarya..

    Duh...duh Gusti Maha Suci
    Kula nyuwun ingkang wonten
    Ing Ridho, Ikhlas lan welas asih
    Amin Gusti...Amin..
    Alhamdulillahirabbil'aalamien..

    salam kangge sederek sedanten - embie c noer

    ReplyDelete

Post a Comment